Hai...dipostingan kedua kali ini aku akan memberikan contoh sesorah tentang melestarikan budaya Indonesia.Ini dia....
Assalamu'alaikum wr.wb.
Nuwun,
Panjenenganipun Bapak Kepala Sekolah ingkang tuhu kinurmatan,
Bapak,Ibu Guru ingkang kula hormati,
Saha kanca kanca ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Kuaos,ingkang tansah paring kanugrahan dhumateng kita sedaya ,saengga kita saget makempal wonten ing upacara bendera kados biasanipaun.Ndherek nepangaken nami kula Rizqi saking kelas 9A.Wonten ing mriki kula badhe ngaturaken babagan "Pentingipun Nglestantunaken Budaya Indonesia".Kita sedaya sampun mangertos menawa kabudayan Indonesia menika maneka warna,kados:wayang,tari tarian ,batik lsp .Nanging,ing jaman menika ,budaya Indonesia sampun dipunsampingaken dening bangsa Indonesia kiyambak,khususipun kawula mudha.Sakmenika kathah kawula ingkang remen budaya barat inggih punika,brigde dance,lagu rock and roll lsp.Budaya kados punika ingkang njalari runtuhipun jiwa nasionalisme kagem bangsa Indonesia.Mlebetipun budaya barat sampun mempengaruhi lan ngrusak citra bangsa.Budaya barat ingkang mlebet saget mbeta pengaruh ingkang mboten sae kangge bangsa Indonesia.Bapak,Ibu Guru lan kanca kanca ingkang kula tresnani,awit saking punika kita sedaya kedah saged milah milah budaya saking barat pundi ingkang saged dipuntampi utawi mboten saged dipuntampi,saha kita ugi kedah njagi lan nglestantunaken budaya Indonesia,lan kita kedah nambah raos tresna kaliyan budaya Indonesia supados budaya kita mboten ical lan tasih saget dipunssekseni dening putra wayah kita mbenjang.
Wasana cekap semanten atur kula ,menawi wonten kalepatan kula nyuwun agunging pangaksami
Matur nuwun,
Wassalamu'alaikum wr.wb.
Nah..itu tadi contoh sesorahnya,semoga dapat bermanfaat.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar